Illustrator + Writter + Visual dakwah

Total Pageviews

Tuesday, June 19, 2012

CONTOH ASESORH BASA JAWA



Assalamualaikum Wr. Wb
Bapak Kepala SMA Negeri 1 Maos ingkang kinabekten,  Bapak saha Ibu Guru ingkang kinurmatan lan para kanca ingkang kula tresnani.
Sakderengipun matur, sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsonipun ALLAH SWT ingkang sampun maringi kanugrahan saha kesehatan katitik kula lan panjenengan sedaya sami saged makempal ing adicara menika tanpa alangan satunggal menapa.

Salam shalawat mangga tansah kaaturaken dumateng junjungan kita, NabiMuhammad SAW, mugi-mugi safaatipun anumrapi dumateng kita sedaya mbenjang wonten ing yaumil qiamah, amin.
Bapak saha Ibu ingkang dahat kinurmatan,
Ing jaman saiki, senengane kathah kang ngagem cara dicampur-campur. Wiwit ngagem basa Jawa ing saben dinane, nyandang ngagem sandangan kang wontening TV, pentas seni ing panggung hiburan, lan lagu-lagu. Suwening suwe, anggonengaggem cara dicampur iku sampun mbalung sungsum dados kabutuhan.
Campuran ing babagan musik/gamelan, ingkang sampun kerep keprungu, yaiku campursari. Campursari iku iringane ngagem alat-alat kang jenenge gamelan dicampur kalih alat – alat seni music. Campurane sampun dilaraske, mula kepenak dirungokake lan nyamleng suarane.
Campusari saged dados hiburan marang sinten kemawon. Buktine enom tuwa, priya wanita, kathah kang remen.Campursari iku anggone wiwit ana, sanes dadakan. Sebut kemawon Pak Manthous saka Gunung Kidul, sampun wiwiti kinten-kinten taun 1970-an. Ing saiki kajabaana Manthous, ana uga jeneng Didi Kempot, Nurhana, lan liya-liyane kangkondhang lagu-lagune campursari.
Ing jaman sakniki, kesenian iku sampun ngalami owah gingsir. Bab penyanyine sing biasane ngaggem kebaya, nanging sakniki pun mboten ngaggem malih, yaiku malah mung ngaggem klambi – klambi sing model sakniki. Iringane uga ngalami owah-owahan. Mboten namun gamelan prasaja nanging uga ana kang ketambahan alat music elektronik, kayata : trompet, drum lan orgen.
Bapak saha Ibu ingkang kinurmatan, mangga kita kedhah nglestarekake budaya kita supaya tetep utuh lan tetep lestari ing majuning jaman menika. Mugi – mugi wigatining sesorah menika saged kita pendet manfaatipun kagem kita sedaya.
Minangka panutuping atur, mbok bilih wonten kalepatan kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
NAMA            : PRAPTI RAHAYU            
KELAS           : XII IPA 4                            
Comments
0 Comments

0 komentar:

ihdizein. Powered by Blogger.